Jumat, 11 November 2016

CERKAK

LILIN PITULAS

Sawijining kemis sore, ana notifikasi BBM mlebu. “PING!!!”, gerak cepet aku ngranggeh HP sing ana ing sak jaketku. Ah, tibake Hendra. Hendra kuwi bocah sing teka 5 tahun kepungkur cedek karo aku. Pawakane dhuwur cilik koyo sapu sodo, untune gisul, rambute acak-acakan. Dheweke atlet volley ana sekolahan uga pinter main gitar lan nyanyi. “PING!!!” balesku. “Ana apa Hen?”
Ora suwe notif BBM muni maneh. “Clono ku suwek, penjahit sekitar Pulung wis full jahitan. Coba takono Arum, ibuke iso njahit clono ku pora?” rodok suwe anggonku nyawang pesan BBM teka Hendra, banjur karo males aku ngetik “Clono opo?” balesku. Dheweke ngomong yen sing arep di jahitne kuwi clono dina senin lan clono pramuka. Aku rodok kaget nalika maca BBM e Hendra. “Lhoo.. kowe edan. Clono di nggo sesok kok lagek mbok dandakne iki mau, wes sore pisan!” nadaku kaya wong nesu. “Coba BBM no Arum, bocahe centang tak BBM.” Dheweke panggah kekeh ngakon aku. “Haduh, aku sek eneng urusan karo Pak Gunawan Hen. Arum mau ning ngarep ruang tari, coba rono o.” balesku wis rodok suwe. Urung sampek semenit anggonku ngirim pesan BBM kuwi, dheweke wis bali mbales. “Aku wis muleh, ndang to tulungono aku Yu.” rayune sing paling ora bisa tak tolak. “Iyo Hen iyo.”
Aku ijin metu sedelo marang Pak Gunawan. “Pak, kulo badhe medal rumiyin.” Saktenane aku ora wani ijin metu marang Pak Gunawan, nanging tak wanekne ijin mung gara-gara Hendra. Pak Gunawan ngijini aku metu teka kelas. Aku banjur mlayu ning ngarep ruang tari, mlayu ku kebak pangarep-arepan marang Arum. “Arum nyandi Ka?” takokku marang salah siji koncoku. “Arum wis muleh Yu, lagek ae. Ana apa?” wangsulane. Aku wis ora iso mikir nalika Ika nyauri, getihku koyo mandek ning panggon. Aku mlongo, bingung kudu kepriye. “Yu? Ana apa?” takone maneh. Aku njingkat. “Ora opo-opo Ka, matursuwun.” Wangsulanku karo ngaleh teka panggon kuwi. Wajar wae Ika ngroso aneh karo polahku sore kuwi.
“Arum wis muleh Hen, piye? Opo clono mu tak gowone ae gek aku tak ning omahe Arum mengko?” pesanku marang Hendra. 5 menit, 10 menit tak tunggu balesane. Nanging ora ana notif BBM mlebu.
“Ojo Yu, BBM en bocahe saiki.” Pesan teko Hendra sing tak tunggu malah nggawe aku soyo males nyawang tulisane. “Iyo.” Balesku
Aku nulis pesan marang Arum kanthi roso mangkel. “PING!!!”. Urung genep 10 detik Arum langsung mbales “PING!!!”. “Ana apa Yuk?”. Aku banjur ngomong marang Arum yen Hendra arep njahitne katok ning ibuke. “Iso Yuk, mengko menyango omahku karo Hendra bar maghrib ae. Karo ibukku arep ngomong penting menyang kowe.” wangsulane. Aku maca pesan BBM teka Arum kanthi rasa penasaran, ana apa kok ibuke Arum nggoleki aku? Ah paling takok dodolanku. Wis 2 tahun aku nggeluti usaha bisnis, cilik-cilikan. Itung-itung gawe tambah sangu sekolah saben dina. “Iyo oke, mengko tak kabari lak aku arep mrono. Suwun ya.”
Arum kuwi konco raketku wiwit kelas 1 SMA mbiyen. Dhewekke yo sempet tau crito pas pertama ketemu karo aku sing gawe aku ngguyu kekel yen kelingan critone kuwi. “Sak urunge awake dewe kenal, kowe ki ketok sinis, plilak-plilik ae. Koyo bocah ra penak di jak konconan. Eh, mboso wis kenal tibake kowe ki wong edan sing nyamar dadi bocah sekolah.” Kurang luwih koyo kuwi sing iso tak jabarne.
Wis meh 3 tahun iki aku lan Arum melu grup musik. Aku lan dheweke sering tampil ana acara-acara ning sekolahan. Embuh kuwi perpisahan, pas ana kemah opo acara liyane. Arum kuwi pinter nyanyi, suarane penak di rungokne. Pas tak takoni piye carane nyanyi ben apik dheweke mung njawab “Nyanyi kuwi ekspresi diri, lek kowe pengen nguasai suoromu, jajalen latihan kawit saiki.” Omongane kuwi sing marai aku semangat latihan nyanyi terus.
Ora suwe teko pesan keri dewe sing tak kirim marang Arum, aku banjur muleh menyang omah. Urung sampek motorku tak jagrak ana notif BBM mlebu. “PING!!!”. “Hendra” batinku males. Urung sampek tak bukak pesane, ana notif mlebu maneh “Ayo Yu, jare ning omahe Arum?”. Gregeten aku ngarasakake Hendra sore kuwi. “Iyo Hen, sek tak siap-siap.” Balesku. Aku banjur mlebu menyang omah lan ora nggatekne notif BBM sing bola-bali mlebu ning HP ku. Aku wis ngiro yen kuwi Hendra maneh.
Kiro-kiro sak jam setengah aku wis siap budal menyang omahe Arum. Ora lali aku pamitan marang Bapak lan Ibuk. Restu wong tuwo kuwi penting. “Hen, aku wis siap. Kowe rene kapan?”. “Klunthinggg..” notif BBM masuk. “Hendra”. Banjur tak bukak pesane. “Oke, aku otw.” Bocah-bocah enom saiki omongane koyo wong barat. Otw iku kepanjangane on the way sing artine ana ing dalan.
Aku ngenteni Hendra ana teras omah, nanging dheweke pancet urung teko. Kiro-kiro 15 menitan ana suoro motor liwat ning ngarep pager omahku. Wong lanang nggawe motor vario abang karo helm an. Dheweke ngawe-ngawe. “Hendra” batinku. Aku langsung moro marani dheweke ning ngarep omah. “Sorry, aku mau nunggu toko disek. Ayo budal.” dheweke nyricis ae. Aku banjur numpak ning montor. Hendra nggawa tas sekolahe, isine katon bek banget. Aku wis ngiro isine clonone pramuka karo clono dino senin.
Suwine perjalanan 20 menitan, aku wis teka ing omahe Arum. Arum lagi lungguh ning montore sing di parkir ning pekarangan omahe. Weruh yen sing teko kuwi aku, dheweke langsung mesem lan ngawe-ngawe. Montor vario abang sing tak tumpaki mau mandek kanthi mulus ning pekarangane Arum. Aku banjur mudun saka montor marani Arum. “Ibukmu endi?” takonku marang Arum. “Isek yasinan ning tonggo ngarepanku Yu. Mlebuo kene, mlebuo Hen ra sah isin-isin” wangsulane Arum kanthi manggakne aku lan Hendra mlebu menyang omahe. “Iyo Rum.”
Aku mlebu menyang njero, di susul Hendra ning mburiku. Hendra lungguh ning sandingku, jejer wong 3. “Candra tak kon rene pisan ya, ben rame.” Arum njaluk persetujuanku. “Iyo ora opo-opo, itung-itung gawe bature Hendra ben ora ola-olo dewe.” Wangsulanku. Hendra mringis. Arum langsung ngranggeh HPne lan ngirim pesan marang Candra. Ora suwe Candra wis teka ning ngarep omahe Arum. “Assalamualaikum..” kabeh serentak njawab “Wa’alaikumsalam”. “Mlebuo kene Can, iki lo Hendra wis dolan rene.” Arum nyricis. “Wis suwi kowe mau Hen?” takone Candra karo lungguh ning sandinge Hendra. “Urung suwi Can, lagek ae teko.” Wangsulane Hendra. Wong loro kuwi nyricis ora uwis-uwis. Biasa bocah lanang lek wis mbahas montor, ora kena mandek.
Ora suwe, ibuke Arum kondur teka yasinan. Aku banjur salim marang ibuke Arum. “Iki jajane di dum arek 4 yo.” Ibuke Arum kuwi asli Suroboyo, dadi omongane iseh campuran. “Inggih buk.” Kabeh nyauri bareng. Aku nyenggol sikute Hendra. “Kuwi lo, ndang omongo lek arep ndandakne clono. Gek di tunggu pisan, selak bengi.” “Iyo sek mengko wae.” Wangsulane. Wong 4 guyon bareng. Mbahas sekolah, mbahas aku sing wedi karo kucing lan pitik. Sampek aku di gawe nangis goro-goro di gawakne kucing karo Arum. Kiro-kiro wis kesel anggone njarak aku, tangane arum ndemok-ndemok tasku sing tak wenehne mburi. “Nyapo Rum?” takonku. “Apik iki, mesti hadiah teko Nita dhek wingi yo?” jawabe. “Haha, iyo kok eruh ae kowe ki.” guyonku. Dheweke banjur guyon karo Candra maneh. Ora let suwi aku kroso lek tangane Arum ana ing mburiku maneh koyo arep ngajak omong Hendra, tapi ora tak gubris. Aku sibuk dolanan game sing ana HP ku.
“Rum, kene njedinge ngendi?” takone Hendra marang Arum. “Ning mburi Hen, ayo tak terne.” Wong 2 kuwi mlaku menyang mburi. Aku lan Candra tetep lungguhan ning ruang tamu. “Eneng acara opo kok rene bengi-bengi?” takone Candra. “Hendra kuwi lo clonone jare suwek gek arep di dandakne.” Wangsulanku. Candra mantuk-mantuk sajake paham karo omonganku. Kiro-kiro meh setengah jam, Hendra karo Arum urung mbalek. “Kok suwimen ya bocah 2 kui mau.” Takonku. “Embuh yo, entenono sek ae” wangsulane Candra. Aku mantuk-mantuk, banjur ngranggeh HP ku maneh. Candra inguk-inguk menyang mburi wis eneng kaping 3 iki. Aku soyo nyurigani bocah 2 kui. Eneng opo?
Ora suwe, Arum mbalek menyang ruang tamu banjur ngomong “Suwi to? Hehe. Ayo ndelok tv ning njero ae.” Arum koyo mendinginkan suasana. Curigoku wis rodok ilang. “Hendra nyandi?” takonku. “Kae bocahe ning njero ndelok TV Yu.” Wangsulane Arum. Ruang tamu karo ruang TV di pisah karo slambu ombo rupane coklat enom. Aku di surung Arum kon mbukak slambu kuwi alon-alon. Aku manut wae. “Sreeekkkk….” Aku kaget karo opo sing tak sawang. Lilin di bentuk love ing tekel karo bocah lanang cilik dhuwur nggowo roti ana tengahe. Lilin 17 sing ana ing rotine uga ora luput teko panyawangku. “Hendra” aku omong setengah mbrabak. “Happy birthday to you, happy birthday to you….” Lirih-lirih suarane Arum nyanyi di susul Hendra karo Candra. Aku wis ora iso ngapusi yen aku pengen nangis. Aku moro menyang Hendra sakdurunge lagune sampe. Lilin 17 tak sebul kanthi roso seneng campur mangkel mergo dheweke wis ngapusi aku. Lilin love ning tekel uga tak sebul sing ngakibatne ruangan kuwi peteng dedet ora ana cahaya. Ora eneng sing wani ngempakne lampu. Hendra ngranggeh korek sing ana ing mejo. “Sreekk.. sreekk.” Lilin 17 di empakne, tapi tak sebul maneh. Di empakne tak sebul maneh. Kiro-kiro uwis luwih teko ping 3 di bolan-baleni. “Nyapo? Kowe gak seneng aku nggawekne iki? Umur 17 kuwi mung ping pisan. Gak iso di baleni.” Hendra takon aku. Aku ora ngomong ora mesem. Dheweke mbaleni takon maneh, tapi aku panggah meneng ora ngomong. Lirih-lirih aku krungu Arum ngomong “Piye Hen piye iki? Aku wedi bocahe nesu.” Hendra geleng-geleng “Ora bakal Rum, aku kenal bocah iki.” Hendra ngredem wedine Arum. Aku pancet meneng ora ngomong.
Aku banjur lungguh ning kursi. Hendra nututi aku karo nggowo roti. Lilin 17 di empakne maneh. Aku nyawang Hendra, katon raut wajahe sing kebak pangarep-arepan lilin 17 kuwi tak sebul kanthi eseman. Aku iso nyawang kuwi. Aku banjur nyebul lilin kuwi alon-alon gawe nyenengne atine Hendra. Sakwise kuwi aku meneng maneh. Suasanane sepi, ora eneng uwong sing wani ngomong. Hendra banjur ngelungne pisau roti marang aku, ora tak gubris. Sing kepapat tak tompo pisau rotine banjur tak sigar lan tak wenehne piring. Aku meneng maneh. Terus sampek aku kesel lan gelem ndulang roti marang bocah 3 kuwi.
Aku pancen nesu tenan wengi kuwi, mergo wis di apusi pekoro ndandakne clono lan tibake oleh surprise teko konco-koncoku. Tapi aku yo ngroso seneng sing ra iso tak jelasne, aku seneng konco-koncoku iseh gelem gemati marang aku lan ora lali kapan aku ulang tahun. “Matursuwun” sing iso tak ucapne, nanging ora tau iso metu teko omonganku. Hendra ngranggeh tas e banjur ngetokne barang sing di buntel kertas kado. Barang sing tak kiro isine clono pas dheweke marani menyang omahku mau. “Bukaken” printahe. Aku banjur mbukak buntelan kuwi. “minnions” batinku. Isine boneka tokoh kartun senenganku, sing wis tak incer wiwit sesasi kepungkur. Saiki wis iso tak cekel. Aku banjur mesem marang Hendra. Dheweke lego

Tidak ada komentar:

Posting Komentar